Sugeng Enjing
Ingkang tansah kinurmatan Bapak Menteri Pendidikan Republik Indonesia
Ingkang kula hormati Ibu Kepala Sekolah saha Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi
sumrambah kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Sakderengipun, sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kita sedaya dumugi sakmenika kita sedaya saged kempal wonten ing adicara pengetan dinten pahlawan sak manika.
Salajengipun, Kula minangka ketua panitia ngaturaken matur nuwun ingkang katah tumrap panjenengan sedaya amergi panjenengan saget ngelonggaraken wekdal saperlu rawuh wonten acara menika
Dinten niki, 10 November 2013, kita sedaya mengeti dinten ingkang bersejarah kagem Bangsa Indonesia. Wonten dinten niki, Bung Tomo kalian arek arek surabayasaget merjuangaken kemerdekaan indonesia saking jajahipun walanda ing hotel Yamato Surabaya. Arek-arek surabaya saget nggantos genderanipun walanda ingkang warnanipun abret, petak, lan biru dados genderanipun Indonesia abret lan petak.
Semangat ingkang dhuwur saking Bung tomo lan arek-arek surabaya mestinipun saget dados panutan kagem kita sedaya wonten jaman sakmenika
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten. Mugi-mugi saget migunani tumrap kita sedaya.
Matur nuwun
Sugeng enjing.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar